iklan jual beli mobil

Tau Dadi Montor Paling Larang Sak Dunyo, Bugatti Veyron Mampir nang Indonesia

Bugatti Veyron Rp 100 Milyar
Bugatti Veyron Rp 100 Milyar

Jakarta, Otojatim.com - Mari sakdurunge, rong merek montor sing gak patio asing yoiku Tesla karo Koenigsegg muncul nang Indonesia, saiki PT Prestige Image Motorcars ngelakoni terobosan yoiku ngenalno Bugatti dadi merek nomer telu sing didol dekne nang Indonesia.

Kabeh wong ngerti nek Bugatti iku montor ultra-larang soale nggawene dewe iso sampek rong taun tur digawe karo tangan-tangan sing ahli. Sebab iku, montor iki ae regone iso tembus Rp 100 milyar, meh podo karo montor muluk mesin jet. Ngunu iku lho, jik onok wong “edan” sing gelem tuku Bugatti nang kene. Ketepakan sing dadi perkenalan Prestige Image Motorcar wektu iku (1-Feb-2018) mamerno Veyron alias montor paling banter nang dunyo era taun 2000 an.

Veyron dadi hypercar nomer loro sakwise Koenigsegg CCX . Veyron duwe senjata mesin 8000 cc W16 sing nggawe petang (4) turbo. Tenogone dewe fantastis banget, duwe 1001 dk lan torsi 1250 Nm. Podo karo supercar laine, montor iki nggawe gir sekuensial 7 speed. Kecepatan notog tembus 407 km/jam. Soal akselerasi, mulai mandeg sampek 100 km/jam cuma butuh 2,5 detik thok.

Artikel Asli:

“Prestige gak ngedol Veyron polahe iki ngunu silihan soko Bugatti. Veyron wis gak diproduksi maneh. Lan peraturan nang Indonesia gak ngolehi dodolan montor impor bekas,” jare Rudy Salim sing dadi President Director Prestige Image Motorcars nang Pluit.

Sebab Veyron gak didol maneh polahe discontinue, mulane Chiron bakal dadi iji-ijine Bugatti sing didol nang Indonesia.

“Nek Bugatti Chiron iku sing arep didol, nek onok sing gelem tumbas,” jare Rudy.

Chiron iku sakjane mirip Veyron sing luwih disempurnakno soale duweni bobot luwih enteng tur duwe tenogo 1500 dk. Montor iki diproduksi pertama kali taun 2016 lan duweni kecepatan notog 420 km/jam.
LihatTutupKomentar
close
harga yamaha lexi